PITUTUR JOWO
Pepeling kanggo poro Kaum "LOLITA " Lolos Limapuluh Tahun
Do elingo
Umurmu soyo tambah dowo
Rupamu yo soyo kadaluarso
Yen disawang soyo rapatio tumoto
Mulo rasah do kakean neko neko
Wektu urip soyo sedelo
Nek rapercoyo bandingno
potomu saiki karo telung puluh taun naliko semono
Rupane wis banget le bedo
Ndahneo sepuluhpuluh taun
kang bakal tumeko
Mulo saiki
Rasah kakean nggaya
Bola bali muk pota poto selpi
Poto di edat edit hasile yo tetep kuwi kuwi
Soale asline yo cen muk ngono kuwi
Mbok edit ping suwidak jaran yo tetep rabakal iso diapusi
Wong saiki wis do ora bodo
Ngerti asli opo repro
Mulo mas bro...eh salah mbah Bro
Do gematio karo bojo
Siji ae rasah mikir loro
Jomeneh loro.....,
Ngayahi siji seminggu pisan wae wis kroso loyo ....
La opo neh nek punjul seko loro rak kowe isa langsung KO
Ndang tansah podo elingo marang Sing agawe urip
Soyo tuwo kudune penggalihmu soyo lantip
Ojo muk seneng nggodani cah ayu koyo Nikita Mirzani opo Mirsani tipi.
Luwih becik mikir bojo siji wae digawe supoyo awet le urip
Karono ibarate dino uripmu wis ora adoh karo magrib
Mulo resikone awakmu ojo kakean aib
Cukup semene yo pepeling iki supoyo tansah podo eling marang perkoro kang ghaib.
Lan tansah ora lali nindakake amalan kang wajib.
No comments:
Post a Comment