07 March 2015

Makalah Berbahasa Jawa Kethoprak



MAKALAH BAHASA JAWA

“KETOPRAK”






Disusun oleh:

1.      Ehfa Chosmiatun
2.      Erna Novia
3.      Lailatul Munawaroh
4.      Maura Azzah
5.      Annisatun Khoiriyah
6.      Uswatun Khasamah



Kelas                   :       XI Pk
Mapel                 :       Bahasa Jawa

KATA PENGANTAR



Khanti ngucap syukur ing ngarsaning Gusti Allah SWT, penyusun saged ngrampungake tugas punika, khanti mboten halangan satunggalipun.
Matur suwun sanget dhumateng Bapak/Ibu Pembimbing ingkang sampun membimbing penyusun damel kliping punika.
Kliping punika kangge njangkepi tugas Bahasa Jawa wonten ing MA Al Fatah Banjarnegara ingkang benjeng. Mugi kliping punika wonten paedahipun dhumateng kita sedaya.
Kliping punika taksih kirang sempurna amargi wedal ingkang kasesa kalian kirang pangertosipun penyusun. Pramila penyusun nyuwun pangapunten lan nampi kritik lan saran saking pemaos, wasono matur nuwun.

                                                                                                                       



                                                                                                            Penyusun












 DAFTAR ISI





HALAMAN JUDUL..................................................................................... i        
KATA PENGANTAR........................................................................ .......... ii
DAFTAR ISI.................................................................................................. iii
BAB I PENDAHULUAN
A.      Latar Belakang....................................................................................... 1
B.      Tujuan.......................................................................................... .......... 1
C.      Manfaat.................................................................................................. 1

BAB II PEMBAHASAN
A.      Sejarah  .................................................................................................. 2
B.      Jinis ........................................................................................................ 3
C.      Isi carita.................................................................................................. 4
D.      Perangkat pengiring................................................................................ 5
BAB III PENUTUP
A.    Kesimpulan    ...................................................................................... 7
B.     Saran             ...................................................................................... 7
DAFTAR PUSTAKA.................................................................................... 8
LAMPIRAN-LAMPIRAN........................................................................... 9








BAB I
PENDAHULUAN

Ingang melatar belakangi penyusunan makalah basa jawi ingkang judulipun seni ketoprak ingih punika kangge njangkepi tugas saking guru basa jawi inggih punika padamelan makalah basa jawi
Tujuan padamelan makalah punika inggih punika
·         Njangkepi tugas saking guru basa jawi
·         Kangge latihan ndamel makalah basa jawi
·         Kangge nambah wawasan kita khususipun tentang ketoprak

   C.    Manfaat

·         Kangge nambah wawasan kita sedaya
·         Kangge latihan ndamel makalah












BAB II
PEMBAHASAN

Ketoprak
Ketoprak kalebu salah sawijining kesenian rakyat ing Jawa tengah, ananging ugo bisa tinemu ing Jawa sisih Wetan (Jawa Timur ).Ketoprak wis nyawiji dadi budaya masyarakat Jawa tengah lan biso ngasorake kesenian liyane ,umpamane Srandul, Emprak lan sakliyane. Ketoprak wiwit bebukane awujud dedolanan para priyo ing dusun kang lagi nganaake lelipur sinambi nabuh lesung kanthi irama ana ing waktu wulan purnama ndadari , kasebut Gejog. Ana ing tembe kaering tembang bebarengan ing kampung /dusun kanggo lelipur. Sak teruse ana tambahan gendang, terbang lan suling, mula wiwit saka iku kasebut Ketoprak Lesung, kira-kira kadadeyan ing tahun 1887. Sak banjure ana ing tahun 1909 wiwitan dianaake pagelaran Ketoprak kanthi paripurna/lengkap.

Pagelaran Ketoprak wiwitan kang resmi ing ngarsane masyaraket/umum, yokuwi Ketoprak Wreksotomo, dipandegani dening Ki Wisangkoro, sing mandegani kabeh para pria. Carita kang dipagelarake yoiku : Warso – Warsi, Kendono Gendini, Darmo – Darmi, dlan sapanunggalane.

Sak wise iku pagelaran Ketoprak sang soyo suwe dadi lan apike lan dadi klangenane masyarakat, utamane ing tlatah Yogyakarta. Ing kadadeyan sak wise Pagelaran Ketoprak dadi pepak anggone carita lan ugo kaering gamelan . Anane gegayutan karo pagelaran “teater” para narapraja ,

A.    Sajarah
       
Kethoprak wiwit bebukané awujud dedolanan para priya ing dhusun sing lagi nganaaké lelipur sinambi nabuh lesung kanthi irama ana ing waktu wulan purnama ndadari, kasebut Gejog. Ana ing tembé kaéring tembang bebarengan ing kampung /dhusun kanggo lelipur. Saterusé ana tambahan kendhang, terbang, lan suling. Mula wiwit saka iku kasebut Kethoprak Lesung, kira-kira kadadeyan ing tahun 1887. Banjur ana ing tahun 1909 wiwitan dianakaké pagelaran Kethoprak kanthi paripurna/lengkap.

Pagelaran Kethoprak wiwitan sing resmi ing ngarepé masyarakat/umum, yaiku Kethoprak Wreksotomo, dipandhegani dening Ki Wisangkoro, sing mandhegani kabeh kakung. Carita sing dipagelarake yaiku : Warsa - Warsi, Kendana Gendini, Darma - Darmi, lan sapanunggalane.
Sawise iku pagelaran Kethoprak sansaya suwe dadi lan apike uga dadi klangenane masyarakat, utamane ing tlatah Yogyakarta. Ing kadadeyan sawise Pagelaran Kethoprak dadi pepak anggone carita lan ugo kaering gamelan.
B. Jinis
Anane gegayutan karo pagelaran "teater" para narapraja, mula pagelaran Kethoprak, bisa dibedakake mengkene :

·                     Kothékan Lesung : awujud awal mulané Kethoprak lan dadi winih ing tembé mburi dadi pagelaran Kethoprak.
·                     Kethoprak Lesung Wiwitan : wiwitane saka kothekan Lesung ana tari-tarian lan jangkep karo carita , panguripané para tani .
·                     Kethoprak Lesung : Amujudaké pagelaran jangkep lan nganggo carita rakyat kaering gamelan kayata kendhang, suling, terbang lan lesung. Iki sing bakal dadi laire pagelaran Kethoprak.
·                     Kethoprak Gamelan : Wiwitan saka Kethoprak Lesung, dijangkepi karo carita Panji lan ageman 'mesiran' ( Baghdad ).
·                     Kethoprak Gamelan Pendhopo : carita-caritane ngemungake carita Babad, dipagelarake nganti seprené . Pagelaranne ana ing panggung tanpa payon, nanging wis nyedhaki ana ing Gedhung/panggung , yaiku kasebut Kethoprak Pendapa ( Pagelarane ana ing 'Pendopo').
·                     Kethoprak Panggung : Iki pagelaran Kethoprak ingkang pungkasan , yaiku Kethoprak kang dipagelarake ana ing panggung kanthi carita campur, awujud carita rakyat, sejarah, babad uga carita adaptasi saka ing nagari manca ([[Sampek Eng Tay’’, Maling saka Bagdad lan sapanunggalane ).
Saiki bisa dipirsani Kethoprak Panggung ana ing tlatah Jawa Tengah lan Jawa Wetan. Pagelarane dadi profesional kanthi amungut bayaran karcis , uga kanggone para nayaga (pemain ) lan pradangga (penabuh gamelan ) kethoprak wis dadi panguripan. Tehnik pagelaran lan carita digawé luwih apik lan ditindakake kanthi teges lan tumemen. Tuladha mau bisa dipirsani ana ing Kethoprak "Siswo Budoyo" saking Tulung Agung, Jawa Wetan kang wis misuwur ana ing ngendi wae, dadi klangenane masyarakat.
C. Isi carita
Rupa-werna carita pagelaran Kethoprak umpama carita rakyat, dongeng, babad, legenda, sejarah lan adaptasi saka nagari manca bisa uga migunakake swasana Indonesia, tuladhane karya Shakespeare : Pangeran Hamlet utawa Sampek Eng Tay. Carita-carita baku: Darma-Darmi, Warsa-Warsi, Kendana-Gendini, Abdul Semararupi (crita Menak), Panji Asmarabangun, Klana Sewandana (crita Panji), Ande-ande lumut, Angling Darma, Roro Mendut, Damarwulan, Ranggalawe, Jaka bodo.

Carita klangenan masyarakat bisa awujud carita pahlawanan, paperangan, carita nglempengake kabecikan adate ing pungkasan carita sing tumindake becik, jujur bakal entuk kamenangan.

Ageman para nayaga pemain dipadakake karo carita kang dipagélarake, . Biasane nganggo ageman para Narapraja Jawa wektu jaman kerajaan biyen. Umpama Pangeran Wiroguna, Agemane ngangga Priyayi Jawa Pangeran saka tlatah Jawa Tengah ( Jogjakarta ), Semono uga para prajurit. Nanging uga ana ageman kang awujud simbolis ,umpamane Piyantun Wicaksana aweni ageman cemeng , Piyantun suci awerni agemmn pethak, ingkang kendhel agemane abang. Carita Baghdad agemane kasebut "Mesiran" nganggo ageman sutra. Agemen Wayang wong uga ana gegayutan karo Kethoprak, utamane Kethoprak pesisran tlatah Jawa sisih pesisir Lor. Umpamane carita Angling Darma, Menak Jingga/Damarwulan.
Uga ana ageman kasebut basahan, yokuwi ageman kejawen ananging cinampur ing liyan bisa arupa ageman batik, lan beskap uga surban (biasane nganggo uga jubah). Ageman basahan iki adate ana ing carita Menak utawa carita para wali/para ulama Islam ing sajerone praja.

Sing dadi ciri wancine Kethoprak : Carita kanthi para nayaga/pemain , kaering tabuhan (gamelan) ,Ageman tembang kang dadi tetenger kethoprak . Rembugan uga biasa nganggo tembang ,dadi tembang bisa mujudake dadi pangiring adegan, dialog, monolog ( rerasan dewe) utawa dadi narasi.

Wondene unining gamelan kanggo ngeringi tembang, adegan, ilustrasi swasana carita, swasana dramatik, kang mbedakake adegan siji lan sijine.

Kagem para maos sing kepingin midhangetake kethoprak ing format mp3 bisa ngundhuh ing kene http://apdnsemarang.wordpress.com/dagelan-ludruk-ketoprak/
D. Perangkat pengiring
Kendang, saron, ketuk, kenong, kempul lan gong bumbung utawa gong kemada. Gamelan jangkep adate nganggo suling utawa terbang. kanthi tambahan keprak.
Para nayaga kethoprak biasane pinter anggone "akting" uga kudu pinter nyanyi & nari .
Para pradangga gamelan, bebarengan karo sinden (waranggono),ngeringi irama gamelan kethoprak.Senadyan sing dianggo basa Jawa, nanging kudu nganggo "unggah-ungguh" basa. bisa nganggo Jawa biasa (ngoko), basa krama, lan Krama inggil.

Saiki, ana ing wolak waliking jaman, kethoprak uga duwe "improvisasi" kanthi wujud dagelan kethoprak. Umpamane awujud Dagelan lan Kethoprak Humor ana ing siaran Radio lan televisi. Carita bakune padha nanging dipagelarake kanthi dagelan. Mligi ngemungake lan nyenengake pamirsane. Bab paugeran nomer loro. Kethoprak mau biasane wis ora nganggo unggah ungguh basa lan tatakrama, sing baku bisa gawe geguyu. Carita lan basa ora nganggo paugeran baku. Mula bisa kasebut Kethoprak ora jangkep.





BAB III
PENUTUP


Kesimpulan
Kasimpulanipun inggih punika kasenaian ketoprak menika asenian asli saking tlatah jawi kita dados tiang enom kedah saged nglestarekaken budaya jawa ingkang kaancem teknologi-teknologi modern jaman sakniki.

Kritik Saran

Penyusunan makalah punika radi susah soale kedah ngagem basa jawi.,naning kita malah saget l;atihan bahasa jawi ingkan jawan sakniki sampuntersisihkan.

















DAFTAR PUSTAKA


Wikipedia.org/makalah jawa tentang ketoprak
Google.com/ketoprak jawa